Paribasan
Unen-unen kang wis gumathok panganggone lan nduweni teges tartamtu.
Isi Materi
Paribasan yaiku unen-unen sing wis ajeg panganggone, nduweni teges entar, nanging ora ngemot pepindhan. Tegese, paribasan ora bisa dimaknani saka teges tembunge siji-siji, nanging nduwèni teges khusus.
Titikan Paribasan a) Unen-unene wis ajeg, mula ora kena diganti utawa diowahi. b) Nduwèni teges entar, yaiku tegesé ora saktemene. c) Ora ngemot pepindhan utawa perumpamaan. d) Tembung-tembunge nduwèni teges dhewe-dhewe, nanging yen digabung nduwèni teges khusus. e) Biasane ngemot pitutur, nasihat, utawa piwulang. f) Digunakake kanggo nggambarake kahanan utawa tumindak ing urip saben dina.
Tuladha
"Yatna yuwana, lena kena” Tegese yen ngati-ati bakal slamet, nanging yen ora ngati-ati bisa kena bebaya.
Tembung-tembung ing unen-unen iki ora ngemot teges pepindhan. Saben tembung nduweni teges dhewe-dhewe, yaiku: Yatna = ngati-ati, wêweka, utawa yitna. Yuwana = slamet, rahayu, utawa basuki. Lena = ora ngati-ati utawa sembrana. Kena = ketaman utawa ngalami bebaya.
Audio Nyimak
Rangkuman
[DUMMY] Rangkuman Paribasan.